Chords used: Bm, Em, A, D, G, Am
Progression: Bm, Em (iii), A, D, G (V), Am (vi)
(Intro) D G A D
ketemu aku ro sliramu
sing saiki dadi masa laluku
ser-seran rasane njero atiku
ora nyongko sliramu mundak ayu
rasane aku getun tenanan
medotke sliramu wektu pacaran
kabeh mau amergo jalaran
ngepeti wedokan sing dadi jemputan
saiki aku uwes ngerti
yen sliramu ora bakal bali
saiki aku cobo nglalekno
mugo kowe iso seneng ro wong liyo
pancen aku tresno kowe
sayangku mung karo kowe
yo mung kowe sing neng ati
susah seneng tekan mati
ora bakal tak tinggalke
njajal mbok titeni wae
omonganku iki bener
mugo wae ora minger
opo enenge awakmu
wes melengkapi uripku
senajan kamu sangat lucu
dandan wae yo ora tau
opo maneh nganggo gincu
ben gawe mlinir lambemu
rupamu pancen polosan
aku coba tetep krasan
nanging kok godaan teko
aku seneng ro wong liyo
mergane bodimu nonjok
bojoku tak tinggal lungo
pancen atiku ra urus
kepincut obrakan gembus
gawe aku mati alus
kowe saiki ra ngurus
getun kuwi tibo mburi
ora bakal tibo ngarep
kabeh banjur tak lakoni
senajan mbiyen ati ngarep
getunku soyo tenanan
yen aku nyawang dirimu
sing mbiyen dadi bojoku
saiki masa laluku
(Chorus)
ketemu aku ro sliramu
sing saiki dadi masa laluku
ser-seran rasane njero atiku
ora nyongko sliramu mundak ayu
rasane aku getun tenanan
medotke sliramu wektu pacaran
kabeh mau amergo jalaran
ngepeti wedokan sing dadi jemputan
saiki aku uwes ngerti
yen sliramu ora bakal bali
saiki aku cobo nglalekno
mugo kowe iso seneng ro wong liyo
pancen kowe ayu tenan
bedo pas mbiyen pacaran
dulu ra mbejaji tenan
wajahmu sangat pas-pasan
saiki kowe wes bedho
gawe aku ngelus dodo
mbiyen kok tak sio-sio
nganti uripmu nelongso
sempet ketemu neng dalan
aku eroh kowe sliliran
lha kok atiku ser-seran
nyawang kowe sing menawan
saiki piye carane
aku oleh pin BBMme
yen wes oleh njur tak invite
mugo wae di ACC
lha dilalah di ACC
ora nyongko bungah tenan
jebul malah njur di DC
yo tak tompo kasunyatan
mungkin kowe wes kelaran
nganti kowe wegah tenan
karo aku sing ra mutu
arep bali neng awakmu
saiki wis tak ikhlasno
kowe nduweke wong liyo
aku yo mung iso pasrah
tak jak balen kowe wegah
yo wes ra sah tak pikirke
timbang aku mumet ndase
mending aku joget wae
joget jangdut sak penake
(Chorus)
ketemu aku ro sliramu
sing saiki dadi masa laluku
ser-seran rasane njero atiku
ora nyongko sliramu mundak ayu
rasane aku getun tenanan
medotke sliramu wektu pacaran
kabeh mau amergo jalaran
ngepeti wedokan sing dadi jemputan
ketemu aku ro sliramu
sing saiki dadi masa laluku
ser-seran rasane njero atiku
ora nyongko sliramu mundak ayu
rasane aku getun tenanan
medotke sliramu wektu pacaran
kabeh mau amergo jalaran
ngepeti wedokan sing dadi jemputan
saiki aku uwes ngerti
yen sliramu ora bakal bali
saiki aku cobo nglalekno
mugo kowe iso seneng ro wong liyo